Nang sakwijining omah, ana wong lanang kang gaweane dadi sales lagi ndhodhok lawang.
Sing Duwe Omah: Yu, Kae ana wong ndhodhok lawang. Bukakna kana?
Yu Inem: Nggih Bu.
Banjur Yu Inem mbukakke lawang. Yu Inem kaget amarga sing ndhodhok mau langsung mak celeneng tanpa basa-basi mlebu ruang tamu banjur nyebarke bunderan-bunderan ireng sing mambu.
Wong Lanang: Yu, yen Vaacum Cleaner Superku ini ra iso nyedot tembelek-tembelek wedus kuwi, kabeh bakal tak emploki siji-siji.
Yu Inem: Lha, sisan tak wenehi sambel po ben luwih sedep?
Wong Lanang:Ngapo’o?
Yu Inem: Ra ndelok po, saiki listrike lagi mati.







gokil jg ceritanya…
bkin ngocok wetengku ngonolo..